4. Wong-wong banjur masrahake marang Yakub sakehing dewa asing kang didarbeki, mangkono uga anting-anting kang ana ing kupinge, sarta banjur dipendhem dening Yakub ana ing ngisore wit gedhe sacedhake Sikhem kono.
5. Sawuse mangkono banjur padha budhalan. Kutha-kutha kang ana ing sakubenge padha ketaman ing pagiris saka Gusti Allah, temahan pada ora ngoyak marang para anake Yakub.
6. Yakub banjur tekan ing Lus ing tanah Kanaan, iya iku Betel; dheweke lan sakehe wong-wong kang padha ngetutake;
7. sarta tumuli ngadegake misbyah ana ing kono, lan panggonan iku dijenengake El-Betel, marga ana ing kono Gusti Allah anggone nglairake kawontenane marang dheweke nalika ngungsi saka ing ngarepe sadulure.
8. Nalika samana Debora inyane Ribkah ngajal, banjur kakubur ing Betel perangan kang ngisor ana ing sangisore wit gedhe, kang katelah aran: Wit Gedhe Patangisan.
9. Saulihe Yakub saka Padan-Aram, Gusti Allah ngatingali maneh sarta mberkahi.
10. Pangandikane Gusti Allah marang Yakub mangkene: “Jenengira Yakub, wiwit saiki sira wus aja jeneng Yakub maneh, nanging Israel, iku dadia jenengira.” Mangkono anggone Gusti Allah netepake jenenge Israel.
11. Sarta dipangandikani maneh dening Gusti Allah mangkene: “Ingsun iki Allah Kang Mahakawasa, sira bebranahana lan tangkar-tumangkara; ana bangsa, malah golonganing bangsa kang bakal dumadi saka sira, lan bakal ana raja-raja kang asale saka sira.
12. Karodene tanah kang wus Sunparingake marang Abraham lan marang Iskak, iku Sunparingake marang sira lan marang turunira.”
13. Gusti Allah banjur sumengka nilar Yakub mengker saka panggonan anggone mentas mangandikani mau.