Purwaning Dumadi 35:22a-29 Kitab Sutji (JAV)

3. Payo padha tata-tata lan mangkat menyang Betel, ana ing kono aku arep gawe misbyah konjuk marang Gusti Allah, kang wus nyembadani marang aku ing dina karubedanku, lan wus nunggil karo aku ana ing dalan kang dakambah.”

4. Wong-wong banjur masrahake marang Yakub sakehing dewa asing kang didarbeki, mangkono uga anting-anting kang ana ing kupinge, sarta banjur dipendhem dening Yakub ana ing ngisore wit gedhe sacedhake Sikhem kono.

5. Sawuse mangkono banjur padha budhalan. Kutha-kutha kang ana ing sakubenge padha ketaman ing pagiris saka Gusti Allah, temahan pada ora ngoyak marang para anake Yakub.

6. Yakub banjur tekan ing Lus ing tanah Kanaan, iya iku Betel; dheweke lan sakehe wong-wong kang padha ngetutake;

7. sarta tumuli ngadegake misbyah ana ing kono, lan panggonan iku dijenengake El-Betel, marga ana ing kono Gusti Allah anggone nglairake kawontenane marang dheweke nalika ngungsi saka ing ngarepe sadulure.

8. Nalika samana Debora inyane Ribkah ngajal, banjur kakubur ing Betel perangan kang ngisor ana ing sangisore wit gedhe, kang katelah aran: Wit Gedhe Patangisan.

9. Saulihe Yakub saka Padan-Aram, Gusti Allah ngatingali maneh sarta mberkahi.

22a. Nalika Israel lereb ana ing kono, kelakon Ruben amor turu karo Bilha, selire bapakne, mangka prakara iku keprungu Israel.

22b. Anadene anake Yakub kang lanang iku ana rolas.

23. Anake Lea yaiku Ruben pembarepe Yakub, nuli Simeon, Lewi, Yehuda, Isakhar lan Zebulon.

24. Anake Rakhel: Yusuf lan Benyamin.

25. Anake Bilha bature wadon Rakhel: Dhan lan Naftali.

26. Anake Zilpa bature wadon Lea: Gad lan Asyer. Iku kabeh anake lanang Yakub kang kalairake ana ing Padan-Aram.

27. Yakub banjur sowan ing ngarsane kang Rama Iskak, ana Mamre ing sacedhake Kiryat-Arba, iya iku Hebron, panggonan palerebane Rama Abraham lan Rama Iskak anggone padha dadi wong neneka.

28. Anadene yuswane Rama Iskak nyandhak satus wolung puluh taun.

29. Rama Iskak tumuli apegat nyawa lan seda, banjur dikempalake kalawan para leluhure; wus sepuh lan tuwuk gesange, banjur disarekake dening kang putra Esap lan Yakub.

Purwaning Dumadi 35