11. Sarta dipangandikani maneh dening Gusti Allah mangkene: “Ingsun iki Allah Kang Mahakawasa, sira bebranahana lan tangkar-tumangkara; ana bangsa, malah golonganing bangsa kang bakal dumadi saka sira, lan bakal ana raja-raja kang asale saka sira.
12. Karodene tanah kang wus Sunparingake marang Abraham lan marang Iskak, iku Sunparingake marang sira lan marang turunira.”
13. Gusti Allah banjur sumengka nilar Yakub mengker saka panggonan anggone mentas mangandikani mau.
14. Yakub tumuli ngedegake tugu ana ing panggonan kono yaiku tugu watu lan nyaosake kurban unjukan sarta ngesokake lenga ing sadhuwure watu mau.
15. Anadene panggonan anggone dipangandikani Gusti Allah mau dijenengake Yakub: “Betel”.
16. Sawuse mangkono tumuli padha budhal saka Betel. Bareng lakune tekan ing sacedhake Efrata, Rakhel nglairake jabang bayi, dene anggone duwe anak iku rekasa banget.