34. Anadene Rakhel kang njupuk terafim mau lan dilebokake ing lapake unta, banjur dilinggihi. Pak Laban tumuli nggledhahi sawratane tarube, nanging ora nemu terafime.
35. Rakhel banjur matur marang bapakne: “Bapak mugi sampun ngantos duka, dene kula boten saged ngadeg wonten ngarsa panjenengan, margi kula saweg ewed kados salimrahipun tiyang estri.” Sanadyan Pak Laban anggone nggledhahi kalawan njlimet, ewasamono terafime meksa ora ketemu.
36. Ing kono Yakub banjur nepsu sarta meleh-melehake marang Pak Laban: “Kalepatan kula punapa? Saha dosa kula punapa, dene panjenengan mbujeng kula klayan semu duka makaten?
37. Anggen panjenengan nggledhahi barang kula sadaya, punapa panjenengan manggih barang saking dalem panjenengan? Sumangga panjenengan paringaken wonten ing ngajengipun sanak kadang kula lan sanak kadang panjenengan, supados punika sami ngadilana ing antawis kula kaliyan panjenengan.