6. Rakhel tumuli ngucap: “Gusti Allah wus paring adil marang aku, lan wus nyembadani panyuwunku, diparingi anak lanang.” Mulane bocahe dijenengake Dhan.
7. Bilha bature wadon Rakhel mau ngandhut maneh, sarta nglairake anak lanang kang kapindho patutan saka Yakub.
8. Rakhel tumuli ngucap: “Dak temeni banget anggonku gelut karo mbakyuku lan aku kelakon menang.” Mulane bocahe mau dijenengake Naftali.
9. Bareng Lea weruh yen kandheg anggone nglairake anak, tumuli iya ngaturake bature wadon Zilpa marang Yakub supaya dadi somahe.
10. Lan Zilpa bature wadon Lea mau iya nglairake anak lanang patutan karo Yakub.
11. Lea tumuli ngucap: “Begja!” Mulane bocahe dijenengake Gad.
12. Sawuse mangkono Zilpa bature wadon Lea nglairake anak lanang kang kapindho patutan saka Yakub.
13. Pangucape Lea: “Aku iki rahayu, saben wong wadon mesthi ngarani aku rahayu.” Anake nuli dijenengake: Asyer.