Cempe kang kaya mangkono mau banjur didhewekake, sarta panthane wedhus diadhepake marang kang lorek-lorek lan kang ireng ana ing antarane wedhuse Pak Laban. Mangkono anggone ngreka nglumpukake kewan-kewan kanggo awake dhewe, ora diworake karo pepanthane wedhuse Pak Laban.