24. Anake banjur dijenengake Yusuf, pangucape: “Muga-muga Gusti Allah karsa mewahi anak lanang siji engkas marang aku.”
25. Kacarita sawuse Rakhel nglairake Yusuf, Yakub banjur matur marang Pak Laban: “Kula panjenengan lilani mantuk dhateng tanah kalairan lan nagari kula.
26. Semah dalah anak-anak kula panjenengan paringaken, minangka pituwasipun anggen kula ngenger panjenengan, kula lajeng badhe mantuk, margi panjenengan sampun uninga piyambak anggen kula tumemen ngenger panjenengan.”
27. Nanging Pak Laban mangsuli marang Yakub: “Bok kowe gawe leganing atiku; aku wus niteni yen Pangeran Yehuwah mberkahi aku marga saka kowe.”
28. Pangucape Pak Laban maneh: “Tetepna dhewe buruhanmu pira kang kudu dakbayar, mesti bakal dakwenehi.”
29. Ature Yakub marang Pak Laban: “Panjenengan uninga piyambak, kadospundi anggen kula ngenger panjenengan, saha kadospundi kawontenaning raja-kaya panjenengan salebetipun kula jagi.