Purwaning Dumadi 28:6-10 Kitab Sutji (JAV)

6. Esap bareng weruh manawa Rama Iskak wus mberkahi Yakub, sarta didhawuhi lunga menyang ing Padan-Aram supaya golek sisihan saka ing kana -- ing nalikane mberkahi mau nganggo diweling: “Aja golek sisihan wong wadon bangsa Kanaan.” --

7. Karomaneh Yakub miturut marang dhawuhe kang rama lan kang ibu, tumuli mangkat menyang ing Padan-Aram,

8. Esap dadine rumangsa yen wong wadon Kanaan iku ora ndadekake renane Rama Iskak, kang rama.

9. Mulane Esap banjur lunga nemoni Rama Ismael perlu njupuk Mahalat dadi sisihane, diwayuh karo somahe kang dhisik. Mungguh Mahalat mau putrane Rama Ismael putrane Rama Abraham, adhine Nebayot.

10. Anadene Yakub mangkat saka Bersyeba menyang ing Haran.

Purwaning Dumadi 28