Purwaning Dumadi 27:29-33 Kitab Sutji (JAV)

29. Bangsa-bangsa bakal padha nungkul ana ing ngarepmu; kowe mengkua para kadang-kadangmu, lan anake biyungmu bakal padha nungkul marang kowe. Sapa kang ngipat-ipati kowe, bakal kena ipat-ipat, lan sapa kang mberkahi kowe, iku ginanjara berkah.”

30. Kacarita sarampunge Rama Iskak anggone mberkahi Yakub, lan Yakub lagi bae mundur saka ing ngarsane kang Rama Iskak, Esap kamase teka saka anggone mbebedhag.

31. Tumuli iya olah dhaharan kang enak, banjur diladekake marang kang rama. Ature marang kang rama: “Rama, kula aturi wungu sarta dhahar daging buronan olah-olahanipun kang putra, supados lajeng maringi berkah dhateng kang putra!”

32. Nanging pangandikane kang Rama Iskak: “Kowe iku sapa?” Ature: “Kula punika ingkang putra pambajeng pun Esap.”

33. Ing kono Rama Iskak gumeter lan kaget banget sarta ngandika: “Yen mangkono sapa ta kang wus mbebedhag kewan sarta wus diladekake marang aku? Mangka iya wus dakpangan kabeh, sadurunge kowe teka, nuli iya wus kelakon dakberkahi, mangka anggone kaberkahan iku mesthi tetep.”

Purwaning Dumadi 27