Purwaning Dumadi 27:10-14 Kitab Sutji (JAV)

10. Nuli ladekna menyang ing ngarsane bapakmu, supaya didhahar lan kowe diberkahana sadurunge seda.”

11. Yakub tumuli matur marang Ribkah ibune: “Lah kamas kula Esap punika badanipun dhiwut-dhiwut, mangka kula punika klimis.

12. Bokmanawi bapak nggrayangi kula, temtu lajeng mastani, kula damel gegujengan, margi saking makaten kula malah kenging ipat-ipat sanes berkah.”

13. Nanging kang ibu ngandika maneh: “Ipat-ipat iku daksanggane, engger, anakku, nuruta pituturku bae, gek endang mangkata! Aku jupukna wedhuse!”

14. Yakub tumuli njupuk cempe lan diaturake marang kang ibu; sarta kang ibu banjur olah dhaharan kang enak, kaya kang dadi kersane ramane.

Purwaning Dumadi 27