19. Iki tedhak-turune Rama Iskak putrane Rama Abraham. Rama Abraham peputra Rama Iskak.
20. Lan Rama Iskak yuswa patang puluh taun nalika mundhut garwa Ibu Ribkah putrane Rama Betuel wong Aram asal saka Padan-Aram sadhereke Laban wong Aram.
21. Anadene Rama Iskak iku ndongakake garwane marang Sang Yehuwah, amarga kang garwa iku gabug; lan Sang Yehuwah nyembadani panyuwune, temahan Ibu Ribkah garwane banjur nggarbini.
22. Bareng bayine padha suk-sukan ana ing guwa-garbane, Ibu Ribkah ngunandika: “Manawa kaya mangkene yagene aku urip?” Banjur tindak nyuwun pitedah marang Sang Yehuwah.
23. Sang Yehuwah banjur mangandikani: “Bangsa loro kang ana ing kandhutanira, suku bangsa loro bakal padha pepisahan wiwit saka ing guwa-garbane; kang siji bakal luwih kuwat tinimbang sijine lan kang tuwa bakal ngawula marang kang nom.”
24. Bareng tumeka ing leke bakal mbabar, pancen kembar bobotane;
25. kang miyos dhisik katon wulune abang, srirane sakojur kaya kabuntel ing wulu, mulane diparingi asma Esap.
26. Sawuse mangkono rayine banjur miyos astane nyepengi tungkake Esap, iku diparingi asma Yakub. Rama Iskak yuswane sawidak taun nalika peputra loro mau.