Purwaning Dumadi 24:35-39 Kitab Sutji (JAV)

35. Wondene Sang Yehuwah sampun mberkahi bendara kula ngantos kelangkung-langkung, ngantos dados tiyang sugih. Dene dipun paringi Sang Yehuwah menda saha lembu, salaka tuwin mas, abdi jaler lan estri punapa malih unta saha kuldi.

36. Sarta bendara kula putri Sara garwanipun bendara kula, nalika sampun sepuh mbabar putra kakung patutan saking bendara kula, punika sampun dipun paringi samukawis kagunganipun sadaya.

37. Wondene bendara kula sampun mundhut supaos kula: Anakku poma aja kokgolekake jodho wong wadon panunggalane anake bangsa Kanaan, kang tanahe dakenggoni iki,

38. nanging kowe menyanga ing omahe bapakku lan ing panggonane sanak kadangku, nggolekna jodho anakku.

39. Kula lajeng matur dhateng bendara kula: Bokmanawi larenipun estri boten purun kula bekta.

Purwaning Dumadi 24