23. Ing kono pangucape manungsa: “Yaiki balung saka balungku lan daging saka dagingku, iku kaaranana wadon, awit kajupuk saka kang lanang.”
24. Mulane wong lanang bakal ninggal bapa-biyunge lan rumaket marang bojone, sarta sakarone iku bakal dadi daging siji.
25. Anadene manungsa lan bojone sakarone iku padha wuda, nanging ora rumangsa isin.