Purwaning Dumadi 19:4-15 Kitab Sutji (JAV)

4. Kacarita sadurunge mapan sare, lah wong-wong lanang ing nagara kono, para wong lanang ing Sodom, padha ngepung omahe Lut, wiwit kang enom nganti kang tuwa, malah sakutha kabeh kerig-lampit ora ana kang keri,

5. banjur padha celuk-celuk marang Lut, tembunge: “Ana ing ngendi wong lanang kang merdhayoh ana ing omahmu bengi iki? Wetokna mrene! Arep padha dakjamah.”

6. Lut tumuli metu nemoni wong-wong mau ana ing sangarepe lawang, sarta lawange diinebake,

7. celathune: “Dhuh para sadherek, bok sampun sami nindakaken resah kados makaten ta!

8. Lah ta, kula gadhah anak estri kalih, sadaya taksih sami prawan, punika badhe kula wedalaken, sumangga sampeyan damel sapikajeng sampeyan! Nanging tiyang-tiyang punika sampun sampeyan ganggu-damel, margi sampun sami ngaub ing pondhok kula.”

9. Nanging pangucape wong akeh mau: “Wis, sumingkira!” Karomaneh celathune: “Wong iki tekane ing kene rak dadi wong neneka, kok arep dadi hakim kita! Saiki kowe arep dakajar ngungkuli wong loro iku!” Banjur padha ndhesek wonge, yaiku Lut kalawan seru sarta arep padha mbejad lawang.

10. Nanging priya loro mau banjur padha mulung astane, Lut digered mlebu ing omah sarta lawange dikancing,

11. dene wong-wong kang padha ana ngarep lawang, kabeh padha kena wewelak dadi picak, kang cilik dalah kang gedhe, temahan anggone nggoleki lawang ora bisa ketemu.

12. Priya mau tumuli padha ngandika marang Lut: “Kowe isih duwe sanak sapa maneh anak ing kene? Anak mantu, anakmu lanang utawa wadon, utawa sapa bae kang klebu akrabmu kang ana ing jero kutha kene, kabeh padha ajaken metu saka ing panggonan iki!

13. Sabab panggonan iki selak arep padha daktumpes, marga pangresulane wong kang banget ing bab kutha iki wus sumengka ana ing pangayunane Sang Yehuwah. Awit saka iku aku padha kautus dening Sang Yehuwah nyirnakake panggonan kene.”

14. Lut banjur lunga ngandhani calon mantune, kang arep padha sesomahan karo anake, tembunge: “Dienggal padha metua saka ing panggonan kene, awit Sang Yehuwah selak nggempur kutha iki.” Nanging calon mantune loro-lorone padha ngarani yen Lut mau mung sembranan bae.

15. Bareng wayah bangbang wetan, malaekat loro mau padha ngatag marang Lut, supaya cekat-ceket, dhawuhe: “Ngadega, somahmu lan anakmu wadon loro kang ana ing kene enggal gawanen lunga, supaya kowe aja nganti katumpes marga saka durakane kutha iki!”

Purwaning Dumadi 19