31. Kacarita anak kang tuwa tutur marang kang enom, tembunge: “Bapak wis tuwa, mangka ing tanah kene ora ana wong lanang kang sapaturon karo aku lan kowe kaya salumrahe wong sajagad.
32. Payo, bapak diaturi ngunjuk anggur, nuli padha ngewori turu, supaya kita padha oleh turun saka bapak.”
33. Ing bengi iku bapakne diaturi ngunjuk anggur, anak kang tuwa banjur mlebu lan awor turu karo bapakne, Lut ora sumurup apa-apa, nalika anake nusul lan nalika tangine.
34. Esuke kang tuwa ngucap marang kang enom, tembunge: “Mau bengi aku wis kelakon awor turu karo bapak; mengko bengi padha diaturi ngunjuk anggur maneh, kowe genten nusula awor turu, supaya kita padha oleh turun saka bapak kita.”