16. Rama Abram ditanduki becik marga saka Ibu Sarai, sarta banjur diparingi wedhus, sapi lan kuldi lanang, batur tukon lanang lan wadon, apadene kuldi wadon lan unta.
17. Nanging Sang Yehuwah ndhawahake bebendu kang abot banget marang Sang Pringon dalah brayate marga saka Ibu Sarai garwane Rama Abram iku.
18. Sang Prabu Pringon banjur nimbali Rama Abram sarta ngandika: “Apa kang sira tandukake marang ingsun? Yagene sira ora ngaturi uninga marang ingsun, yen wong wadon iku somahira?
19. Yagene sira matur: Punika sadherek kawula, temahan nganti sunpundhut garwa? Lah, ta iku somahira, gawanen lan mundura!”
20. sang Prabu Pringon banjur dhawuh marang abdine supaya ngeterake tindake Rama Abram dalah kang garwa apadene sabarang kagungane kabeh.