Purwaning Dumadi 11:7-12 Kitab Sutji (JAV)

7. Payo, Kita padha tumedhak lan ngisruhake basane, supaya siji lan sijine aja nganti ngreti basane.”

8. Mangkono dadine Sang Yehuwah mbubarake wong-wong mau saka ing kono menyang ing salumahing bumi, temahan padha kandheg anggone padha yasa kutha.

9. Mulane tilase mau diarani: Babil, marga ana ing kono Sang Yehuwah anggone ngisruhake basane wong-wong ing salumahing bumi, lan saka ing kono Sang Yehuwah anggone mbuyarake wong-wong mau menyang ing salumahing bumi.

10. Iki tedhak-turune Sem. Sem nalika umur satus taun, anak-anak Arpakhsad, antara rong taun sawuse banjir gedhe.

11. Sawuse anak-anak Arpakhsad, isih diganjar umur maneh limang atus taun, sarta duwe anak lanang lan wadon.

12. Arpakhsad nalika umur telung puluh lima taun, duwe anak Selah.

Purwaning Dumadi 11