Purwaning Dumadi 1:4-11 Kitab Sutji (JAV)

4. Padhang mau dipirsani wus becik lan Gusti Allah banjur misahake padhang karo peteng.

5. Kang padhang diparingi aran raina, dene kang peteng: wengi. Mangkono wus dadi sore lan esuk: dina kang kapisan.

6. Gusti Allah tumuli ngandika: “Anaa pepenthengan ing antarane banyu, kang misahake banyu karo banyu.”

7. Gusti Allah banjur yasa penthengan sarta misahake banyu kang ana ing sangisoring penthengan karo banyu kang ana ing sandhuwure penthengan mau. Lan banjur kelakon.

8. Pepenthengan mau diparingi aran: langit. Mangkono wus dadi sore lan wus dadi esuk, dina kang kapindho.

9. Gusti Allah banjur ngandika: “Banyu kang ana ing sangisore langit ngumpula dadi saenggon, supaya kang asat katona.” Banjur iya kelakon mangkono.

10. Kang asat kaparingan aran: bumi, lan kaklumpukane banyu diparingi aran: segara. Kabeh mau dipirsani Gusti Allah wus prayoga.

11. Apamaneh pangandikane Gusti Allah: “Bumi metokna thethukulan, tetuwuhan kang ana wijine, wit-witan kang metu wohe warna-warna kang isi wiji ana ing bumi.” Banjur iya kelakon mangkono.

Purwaning Dumadi 1