Para Hakim 8:18-26 Kitab Sutji (JAV)

18. Sawuse iku Sang Gidheon tumuli ngandika marang Prabu Zebah lan Prabu Salmuna: “Wonten ing pundi tiyang-tiyang ingkang sami panjenengan pejahi wonten ing redi Tabor?” Wangsulane: “Warninipun kados panjenengan, tindak-tandukipun kados putraning ratu.”

19. Pangandikane sang Gidheon: “Punika sami sadherek kula, anakipun biyung kula; demi Sang Yehuwah ingkang gesang, saupami punika sami panjenengan gesangi, panjenengan mesthi boten kula pejahi.”

20. Tumuli dhawuh marang Sang Yeter, putra pambajeng: “Ngadega, patenana?” Nanging wong anom iku ora ngunus pedhange, amarga wedi, amarga isih enom.

21. Prabu Zebah lan Prabu Salmuna tumuli padha ngandika: “Sumangga panjenengan piyambak jumenenga nempuh dhumateng kawula, amargi kadosdene tiyangipun, makaten ugi karosanipun.” Sang Gidheon banjur jumeneng lan nyedani Prabu Zebah lan Prabu Salmuna, tumuli mundhuti kalung-kalung rembulanan kang ana ing guluning unta-untane.

22. Sawuse mangkono wong Israel banjur padha matur marang Sang gidheon: “Panjenengan mugi karsaa ngasta paprentahan mangagengi kula, inggih panjenegan, inggih putra-wayah panjenengan, amargi panjenengan ingkang ngluwari kula saking tanganipun tiyang Midian.”

23. Paring wangsulane Sang Gidheon marang wong-wong mau: ‘,Aku ora bakal ngereh kowe, lan anakku uga ora, nanging Pangeran yehuwah kang ngereh kowe kabeh.”

24. Sarta maneh pangandikane Sang Gidheon: “Mung saprakara kang dadi panjalukku marang kowe kabeh: sawiji-wijining panunggalanmu ngwenehana aku anting-anting, saka ing jarahane.” -- Amarga mungsuhe mau padha nganggo anting-anting, jer iku padha wong Ismael --

25. Atur wangsulane wong-wong mau: “Sumangga kula aturaken kanthi legawaning manah.” Banjur padha njereng jarit sarta siji-sijinel padha nguncalake anting-anting saka ing jarahane marang ing jarit iku.

26. Dene bobote anting-anting mas kang dipundhut Sang Gidheon iku sewu pitung atus sekel, durung kapetung kang arupa rembulanan, rerenggan kuping tuwin jarit wungu nom tilas pangagemane para ratune wong Midian, apadene kalung-kalung kang ana ing guluning unta-untane.

Para Hakim 8