1. Ing dina iku Ibu Dhebora lan Sang Barak bin Abinoam padha ngidung mangkene:
2. Amarga para prawira ing Israel padha samekta ing perang,lan marga bangsa iku padha nyadhangake badane kalawan sukarilaSang Yehuwah pinujia!
3. Dhuh para ratu, mugi sami miyarsakna!Dhuh para pangageng, mugi sami nilingna!Manawi kawula, kawula badhe ngidung konjuk ing ngarsanipun Sang Yehuwah,lan ngidungaken masmur kagem Sang Yehuwah,Gusti Allahipun Israel.
4. Dhuh Yehuwah, nalika Paduka tindak saking kitha Seir,lan Paduka tindak mangsah saking tlatahipun bangsa Edom,bumi lajeng gonjang-ganjing, langit inggih nunten ngedalaken toyamendhung ugi sami netesaken toyanipun.