4. Wong Lewi somahe wong wadon kang kapatenan banjur matur: “Kula kanthi semah kula selir kaleresan dhateng ing Gibea ingkang klebet wewengkonipun Benyamin, sumedya badhe nyipeng.
5. Sareng dalu tiyang ing Gibea wau lajeng sami ndhatengi kula lan griya punika dipun kepang sumedya nempuh dhateng kula. Kula punika badhe dipun pejahi, nanging semah kula selir dipun wasesa ngantos dados lan pejahipun.
6. Sareng makaten mayitipun selir kula wau lajeng kula pendhet, kula tengkel-tengkel sarta kula kintunaken dhateng ing jajahaning tanah-pusakanipun tiyang Israel sadaya, amargi ingkang dipun tindakaken wonten ing satengahipun tiyang Israel punika pratingkah resah saha dados pangewan-ewan.
7. Lah sapunika panjenengan tiyang Israel sadaya sampun sami wonten ngriki, sumangga sami karsaa paring pirembag lan pamrayogi.”
8. Sagolongane wong kabeh banjur padha saiyeg tumandang, pangucape: “Panunggalan kita siji bae ora ana kang mulih menyang kemahe, siji bae ora ana kang bali menyang ing omahe.
9. Iki kang arep kita tandukake marang wong Gibea: Kita perangi kalawan mbuwang undhi!
10. Aku padha milih saka sakehing talere Israel iku saben wong satus padha dakjupuk wong sapuluh, saben wong sewu: satus, saben sepuluh ewu wong sewu, iku diwajibake njupukake sangu kanggo wadya-bala iki; sawuse iku padha teka, nuli bisa males marang Gibea-Benyamin kang laras karo sakehe panggawene panyenyamah kang wus dilakoni ana ing satengahe wong Israel.”
11. Mangkono dadine sakehe wong lanang ing Israel padha nglumpuk sumedya nglawan kutha iku, kabeh padha saiyeg manunggal budi.
12. Para talere Israel tumuli nyebar kongkonan menyang ing saindenging tlatahe taler Benyamin kalawan wineling supaya pratela: “Kadursilan apa kang kelakon ana ing tengah-tengahmu iki?