Para Hakim 19:6-16 Kitab Sutji (JAV)

6. Dadine sakaro-karone banjur padha lungguh mangan lan ngombe. Bapakne wong wadon nom mau tumuli kandha marang wong lanang mau: “Kowe bok ndhanganake atimu nginep maneh lan ngenggar-enggar atimu!”

7. Nanging bareng wong mau ngadeg arep mangkat, dipeksa-peksa dening maratuwane, banjur nginep maneh.

8. Bareng ing limang dinane nalika wong mau tata-tata ing wayah esuk arep mangkat, bapakne wong wadon mau kandha: “Sarapana dhisik ta, banjur srantekna tekan wayah lingsir kulon.” Sakarone banjur padha mangan.

9. Bareng wonge ngadeg arep mangkat dalah selire lan bature, maratuwane, iya iku bapakne wong wadon iku, banjur celathu: “Lah ta delengen, iki wis lingsir kulon, ngarepake surup, bok nginep ana ing kene bae lan ngenggar-enggarna atimu, nuli sesuk tangia sing esuk lan banjur padha mangkata mulih.”

10. Nanging wonge ora gelem nginep, malah tumuli tata-tata lan banjur mangkat. Lakune tekan ing ngarepe Yebus -- yaiku Yerusalem -- dalasan kuldine loro kang wis abah-abahan lan selire uga melu.

11. Bareng lakune tekan ing cedhake Yebus mau, srengengene wus endhek banget; bature banjur matur marang bendarane: “Sumangga sami mampir ing kithanipun tiyang Yebus punika, sami nyipeng wonten ing ngriku.”

12. Nanging bendarane mangsuli: “Aku ora bakal padha mampir ing kuthane wong ngamanca, kang dudu wewengkone wong Israel, becik aku padha mbacutake laku nganti tekan ing kutha Gibea.”

13. Banjur kandha maneh marang bature: “Ayo padha mbacutake laku nganti tutug ing salah sawijining panggonan kana, padha nginep ana ing Gibea utawa ing Rama.”

14. Dadine padha mbacutake lakune. Bareng wus cedhak ing kutha Gibea, kang klebu tlatahe taler Benyamin, srengenge wis surup.

15. Marga saka iku banjur padha menyang Gibea, arep nginep ana ing kono lan salebune tumuli lungguh ana ing ara-araning kutha, nanging ora ana wong siji-sijia kan ngajak menyang omahe ngwenehi panginepan.

16. Nanging ing wayah sore iku banjur ana wong tuwa mulih saka pagaweane ing tegal. Wong mau asale saka ing pagunungan Efraim, neneka manggon ana ing Gibea, nanging wong kang padha manggon ing kutha kono iku wong Benyamin.

Para Hakim 19