Para Hakim 16:20-27 Kitab Sutji (JAV)

20. Dhelila tumuli nguwuh-uwuh: “Kangmas Simson, tiyang Filisti sami nggropyok panjenengan!” Sang Simson wungu saka anggone sare banjur ngandika: “Aku iki bakal bisa uwal maneh kaya sing uwis-uwis lan bakal mbedhal.” Nanging ora rumaos, yen wus katilar dening Sang Yehuwah.

21. Tumuli dicekel dening wong Filisti, tingale karo pisan dicuplaki, banjur didhabyang menyang ing Gaza, kabesta nganggo rante tembaga sarta kabubuhan pagawean nggiling ana ing pakunjaran.

22. Nanging remane, sawuse kaparas, nuli wiwit thukul maneh.

23. Sawuse iku para panggedhene wong Filisti padha nglempak arep nyajekake kurban sembelehan gedhe marang Dagon, allahe sarta sukan-sukan, pangandikane:“Allah kita wis ngulungake mungsuh kitaSimson marang ing tangan kita.”

24. Sarta maneh bareng wong akeh ndeleng Simson, banjur padha memuji marang allahe, klawan padha ngucap:“Mungsuh kitakang ngrusak tanah kita,lan gawe patine kanca akehwis diulungake dening allah kitamarang ing tangan kita.”

25. Nalika lagi padha seneng-seneng mangkono iku, banjur padha celathu: “Si Simson undangen, cikben gawe seneng kita!” Sang Simson banjur diwedalake saka ing pakunjaran, lan digawe geguyon ana ing ngarepe wong-wong mau, nuli diaturi jumeneng ana ing antarane saka-saka.

26. Sang Simson tumuli ngandika marang bocah kang nuntun astane: “Aku eculna sedhela, kareben aku ngemek-ngemek saka-saka guruning omah iki, supaya aku bisa sendhenan!”

27. Anadene gedhung iku kebak wong lanang lan wadon, dalah sakehing panggedhene wong Filisti uga ana ing kono, sarta ing payon ana wonge lanang lan wadon watara telung ewu, padha nonton anggone Simson kagawe geguyon.

Para Hakim 16