Pangentasan 8:5-9 Kitab Sutji (JAV)

5. Sarta dhawuhe Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa maneh: “Sira ndhawuhana Harun: Tanganmu karo tekenmu acungna marang bengawan, kalen-kalen lan blumbang, supaya kodhok-kodhok padha metu mratani tanah Mesir.”

6. Rama Harun banjur ngacungake astane marang sakehe banyu ing tanah Mesir, tumuli kodhok-kodhok padha metu nyrambahi tanah Mesir.

7. Nanging para juru sihir iya bisa nindakake prakara iku srana japa-mantrane, uga metokake kodhok-kodhok mratani tanah Mesir.

8. Sang Prabu Pringon banjur nimbali Nabi Musa lan Rama Harun sarta ngandika: “Sira sembahyanga marang Pangeran Yehuwah, supaya karsaa nyirnakake kodhok-kodhok iku saka ngarsaningsun lan saka para kawulaningsun, sabanjure ingsun bakal nglilani bangsa iku lunga saos kurban marang Pangeran Yehuwah.”

9. Ature Nabi Musa marang Sang Prabu Pringon: “Kawula nyumanggakaken karsa panjenengan dalem, benjing punapa anggen kawula ndedonga kagem panjenengan dalem tuwin para abdi saha para kawula dalem, supados kodhok-kodhok punika katumpes sirna saking ngarsa dalem saha saking ing salebetipun griya-griya, namunga kantun ingkang wonten ing benawi Nil kemawon?”

Pangentasan 8