Pangentasan 5:4-12 Kitab Sutji (JAV)

4. Nanging Sang Nata ing Mesir ngandika: “He Musa lan Harun, yagene sira padha nindakake kang njalari bangsa iki banjur nglirwakake pagaweane? Lungaa, sira nglakonana pagaweanira dhewe!”

5. Pangandikane Sang Prabu Pringon maneh: “Delengen, cacahe bangsamu ana ing nagara kene wus akeh banget, mangka sira kok arep nglerenake anggone nyambut-gawe peksan!”

6. Ing dina iku uga Sang Prabu Pringon dhawuh marang para pambereging bangsa iku lan marang mandhor-mandhore wong-wong mau dhewe, mangkene:

7. “Bangsa iku anggone gawe bata ora susah diwenehi damen kaya dhek wingi-wingine, kareben padha golek dhewe.

8. Nanging setorane bata ajeg cacahe kaya wingi-wingine, ora kena disuda, marga wong-wong iku kesed. Mulane padha bengok-bengok: Kawula mugi kalilana kesah badhe saos kurban dhateng Allah kawula.

9. Pagaweane wong-wong iku kudu ditambahi abote, nganti gagasane mung tumuju marang pagawean, lan aja nganti katut marang tetembungan kang dora.”

10. Para pambereging bangsa mau lan para mandhore nuli padha tutur marang umat: “Dhawuhe Sang Prabu Pringon mangkene: Sira iku wus ora sunparingi damen maneh.

11. Sira padha goleka damen dhewe, ngendi saolehe, ewadene setoranira ora kena kurang!”

12. Bangsa mau banjur padha pating salebar menyang ing sawratane tanah Mesir perlu golek bonggol gandum kanggo lirune damen.

Pangentasan 5