3. Karomaneh iya gawe sakehe pirantine misbyah mau, arupa: kuwali, sorok, bokor panyiraman, porok apadene anglo; iku kabeh kang digawe tembaga.
4. Misbyah mau iya digawekake krawangan dhapur jala tembaga, kaetrapake ing sangisore wengkune, wiwit saka ngisor tekan ing saparone dhuwure.
5. Sarta iya gawe gelangan cor-coran papat dipasang ing pojoke papat krawangan tembaga mau, kanggo slobokan pikulan.
6. Pikulan mau kang digawe kayu sittah lan diblongsong tembaga.
7. Pikulane tumuli dislobokake ing gelangan kang kaprenah ing lambunge misbyah, supaya bisa kausung. Misbyah mau kang digawe blabag, ing jerone growong.
8. Nuli yasa wadhah banyu lan uga tadhahane kang digawe tembaga, pangilone para wong wadon kang padha ngladeni pagawean ana ing ngarepe lawang Tarub Pasewakan.