Pangentasan 34:11-18 Kitab Sutji (JAV)

11. Nanging sira netepana prentahingSun marang sira ing dina iki. Lah Ingsun bakal nundhungi saka ngarepanira, wong Amori, wong Kanaan, wong Het, wong Feris, wong Hewi lan wong Yebus.

12. Poma, sira aja gawe prajanjian karo wong isine tanah kang bakal padha sira tekani iku, aja nganti wong iku padha dadi kala-jiret ana ing tengahira.

13. Malah misbyah-misbyahe padha sira rubuhna, tugu-tugune brahala padha sira remukana, kayu-kayu pepundhene sira tegorana.

14. Amarga sira aja padha sujud marang allah liyane, marga Pangeran Yehuwah, kang asma Sujanan, iku pancen Allah kang sujanan.

15. Kang iku sira aja nganti gawe prajanjian karo wong isine tanah kono; samangsa bangsa iku padha bedhangan lan ngetut-buri marang allahe lan padha sesaji marang allahe, sira bakal padha diulemi, lan sira bakal padha melu mangan kurban sembelehane.

16. Manawa sira njupuk anak-anake wadon sira olehake anak-anakira, lan anake wadon iku samangsa padha bebedhangan kalawan ngetut-buri marang allahe, iku mesthi bakal mbujuk anak-anakira supaya laku bedhang kalawan ngetut-buri marang allahe mau.

17. Sira aja gawe allah cor-coran kanggo sira.

18. Sira netepana riyaya Roti Tanpa Ragi; pitung dina lawase sira kudu mangan roti tanpa ragi, kaya kang wus Sunprentahake marang sira, ing waktu kang wus katetepake ana ing sasi Abib; awit mbeneri ing sasi iku anggonira metu saka tanah Mesir.

Pangentasan 34