Pangentasan 25:14-16 Kitab Sutji (JAV)

14. Pikulan iku padha kaslobokna ing gelangan kang ana ing iringane pethi, dianggo nggotong pethine.

15. Pikulan iku tetepa ana ing gelangan pethi, ora kena didudut.

16. Ing jeroning pethi isenana papan angger-angger kang bakal Sunparingake marang sira.

Pangentasan 25