Pangentasan 23:15-21 Kitab Sutji (JAV)

15. Sira netepana riyaya mangan roti tanpa ragi; pitung dina lawase sira mangana roti tanpa ragi kaya kang wus Sundhawuhake marang sira, ing waktu kang wus katemtokake ana ing sasi Abib, sabab mbeneri ing sasi iku anggonira metu saka ing tanah Mesir; nanging aja ana kang seba marang ing ngarsaningSun klawan ora nggawa apa-apa.

16. Riyaya panen, iya riyaya wiwitaning pametune anggonira nyebar ing tegal, iku uga tetep sira anakna, mangkono uga riyaya undhuh-undhuh, samangsa tutuping taun, salebare anggonira ngundhuhi pametuning pategalanira.

17. Setaun rambah kaping telu wongira kang lanang kudu padha seba marang ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gustinira.

18. Anggonira nyaosake getihing kurban sembelehan kang sumaos marang Ingsun, iku aja nganti kaworan sadhengah kang mawa ragi, karomaneh gajihing kurban riyaya kang sumaos marang Ingsun aja nganti nginep nganti esuke.

19. Pepethingane pametune buminira iku ladekna marang ing padalemaning Sang Yehuwah Gusti Allahira. Anggonira nggodhog daginging cempe iku aja nganggo puwaning embokne.”

20. “Lah Ingsun bakal ngutus malaekat tindak ana ing ngarepira, perlu ngreksa lakunira ana ing dalan sarta ngirid lakunira menyang panggonan kang Suncawisake.

21. Sira dingati-ati ana ing ngarsane lan ngestokna marang dhawuh-dhawuhe, sira aja gawe duraka marang Panjenengane, awitdene panerakira ora bakal diapura, sabab asmaningSun ana ing batose.

Pangentasan 23