14. Anadene manawa besuk samangsa anakmu takon marang kowe: Punika tegesipun kadospundi? Banjur tuturana mangkene: Pangeran Yehuwah wus ngentasake kita saka ing tanah Mesir, saka ing pangawulan klawan asta kang rosa.
15. Marga nalika Sang Prabu Pringon mangkotake galihe ora nglilani kita padha lunga, Pangeran Yehuwah tumuli mateni sakehe pambarep ing Mesir, wiwit pambarepe manungsa nganti tekan pambarepe kewan; mulane sakehe pambarepe kewan kang lanang dikurbanake, nanging saben anakku pambarep kang lanang iku daktebus.
16. Pranatan iku dadia pratandha ana ing tanganmu, lan tetenger ing bathukmu, awitdene klawan asta kang rosa Pangeran Yehuwah anggone ngentasake kita saka ing tanah Mesir.”
17. Kacarita bareng Sang Prabu Pringon wus nglilani wong Israel lunga, Gusti Allah anggone ngirid lakune ora metu ing dalan kang anjog ing tanahe bangsa Filisti, sanadyan dalan iku kang cedhak dhewe, sabab pangandikane: “Bangsa iku manawa katempuh ing perang aja nganti keduwung, temah padha bali menyang ing Mesir.”
18. Nanging Gusti Allah anggone ngirid bangsa iku dienggokake metu pasamunan saurute sagara Teberau. Wong Israel anggone padha budhal saka ing tanah Mesir, kalawan siyaga ing perang.