23. Sabab Pangeran Yehuwah bakal ndlajahi tanah Mesir ndhawahake wewelak. Samangsa mirsa getih ana ing dhempeling lawang kang sisih ndhuwur lan kiwa-tengen, Pangeran Yehuwah bakal nglangkungi lawang iku, lan ora nglilani juru panumpes lumebu ing omahmu nibakake wewelak.
24. Prakara iku padha tetepana, gawenen pranatan kanggo kowe dhewe lan kanggo anak-putumu ing salawase.
25. Besuk samangsa kowe wus padha lumebu ing tanah kang bakal kaparingake dening Pangeran Yehuwah marang kowe, kaya kang wus dadi prasetyane, tatanan pangibadah iki tetepana!
26. Dene manawa anak-anakmu padha takon marang kowe: Punapa tegesipun pangibadah punika?,
27. tumuli padha wangsulana: Iku kurban Paskah sumaos marang Pangeran Yehuwah, kang nglangkungi omah-omahe wong Israel ana ing tanah Mesir, nalikane wong Mesir katibanan wewelak, nanging omah-omah kita diayomi.” Wong akeh banjur padha tumelung lan sumungkem sujud.
28. Wong Israel banjur padha lunga sarta nglakoni sadhawuhe Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa lan Rama Harun. Kaya mangkono wong-wong mau anggone padha ngestokake.
29. Kacarita bareng tengah wengi Pangeran Yehuwah mateni saben anak pembarep ing tanah Mesir, wiwit pembajenge Sang Pringon kang calon nglenggahi keprabon, nganti tekan pembarepe wong tahanan kang ana ing pakunjaran, dalah sakehe pembarepe kewan.
30. Ing bengi iku Sang Prabu Pringon banjur wungu, samono uga para abdine lan sakehe wong Mesir, sarta keprungu panjerite wong Mesir, sabab ora ana omah siji-sijia kang ora kepaten.
31. Bengi iku uga Sang Prabu Pringon nimbali Nabi Musa lan Rama Harun, dhawuhe: “Sira padha mangkata, metua saka antarane bangsaningsun, iya sira, iya wong Israel kabeh, wis padha lungaa, saosa pangabekti marang Pangeran Yehuwah, kaya kang wus dadi panyuwunira.