13. Nabi Musa banjur ngayatake tekene marang ing tanah Mesir, sarta Pangeran Yehuwah tumuli ngididake angin wetan marang tanah kono nganti sadina muput lan sawengi natas, bareng wayah esuk angin wetan mau nggawa walang.
14. Walang-walang iku banjur mratani satanah Mesir, kabeh padha neba ing satlatahe Mesir nganti akeh banget; sadurunge iku durung tau ana walang samono akehe lan ing tembe iya bakal ora kelakon mangkono maneh.
15. Sarehne walang-walang mau mratani salumahe tanah kabeh, mulane nagarane dadi peteng; walange padha mangani saanane tetuwuhan lan pala-gumantung sisane udan es, sakehe wit-witan lan tanem-tuwuh ing satanah Mesir wus ora ana ijone sathithik-thithika.
16. Sang Prabu Pringon tumuli enggal-enggal nimbali Nabi Musa lan Rama Harun sarta ngandika: “Ingsun wus gawe dosa marang Pangeran Yehuwah Gusti Allahira lan marang sira.