12. Nanging sanadyan panindhese mundhak dina mundhak abot, ewasamono malah saya wuwuh lan tangkar-tumangkar, temahan wong padha rumangsa wedi marang wong Israel.
13. Wong Mesir anggone ngetrapi pagawean marang wong Israel banjur kanthi daksiya,
14. uripe digawe nandhang pait-getir sarana pagawean kang abot banget, yaiku nggarap lempung lan gawe bata, pagawean warna-warna ana ing ara-ara, ringkese: sarupane pagawean kang ditrapake kanthi peksan dening wong Mesir.
15. Sang Raja ing Mesir uga dhawuh marang bidhan-bidhan kang nulungi wong wadon Ibrani, kang siji jenenge Sifra sijine Pua, pangandikane:
16. “Samangsa sira nulungi wong wadon bangsa Ibrani kang nglairake anak, sira kudu namatake, manawa bayine lair lanang, enggal sira patenana, dene yen wadon kena lestari urip.”
17. Nanging bidhan-bidhan mau wedi marang Gusti Allah, mulane ora ngestokake dhawuhe Sang Raja ing Mesir, dadi bayi-bayine kang lanang iya padha diuripi.