6. Kang iku kawruhana, yen ora marga saka lelabetanmu anggone Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, maringake nagara kang becik iku marang kowe supaya dadi duwekmu. Satemene kowe iku bangsa kang wangkot.”
7. “Elinga, aja lali, yen kowe wus padha ndadekake dukane Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, ana ing pasamunan. Wiwit budhalmu saka ing tanah Mesir nganti tekamu ing kene iki, kowe tansah padha nglawan marang Pangeran Yehuwah.
8. Ana ing gunung Horeb kowe padha njalari dukane Pangeran Yehuwah, malah saka bangeting dukane, nganti kowe arep padha ditumpes.
9. Nalika aku wus munggah ing gunung bakal nampani papan watu, iya papaning prasetyan damelane Pangeran Yehuwah kang wus katetepake karo kowe, aku banjur nginep ana ing dhuwur gunung kono lawase nganti patang puluh dina patang puluh bengi, ora mangan roti lan ora ngombe banyu.
10. Pangeran Yehuwah banjur maringake papan watu loro marang aku, isi seratan tapak astane Gusti Allah, kang surasane padha karo pangandika kang wus kadhawuhake dening Sang Yehuwah marang kowe ana ing gunung saka ing tengahe geni, mbeneri dinane pasamuwan.
11. Sawuse patang puluh dina patang puluh bengi mau, Pangeran Yehuwah banjur maringake papan watu loro marang aku, iya papane prasetyan iku.
12. Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang aku, mangkene: Sira ngadega, dienggal mudhuna, awit bangsanira kang sira entasake saka ing tanah Mesir iku wus nglakoni duraka; enggal temen anggone padha nyleweng saka ing dalan kang wus Sundhawuhake, wus padha gawe sesembahan reca cor-coran.
13. Pangeran Yehuwah ngandika maneh marang aku: Bangsa iki wus Sunsekseni, pancen bangsa kang wangkot.
14. Ingsun aja sira penggak, bangsa iki bakal Suntumpes lan jenenge Sunsirnakake saka ing sangisore langit; nanging sira bakal Sundadekake bangsa kang luwih kwasa lan luwih akeh cacahe tinimbang bangsa iki.
15. Aku banjur mudhun saka ing gunung, kang lagi murub; dene papane prasetyan sakarone daksangga ing tanganku loro.
16. Aku tumuli weruh, sanyata-nyata kowe wus padha gawe dosa marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, wus padha gawe reca pedhet cor-coran; enggal temen anggonmu padha nyleweng saka ing dalan kang wus didhawuhake dening Sang Yehuwah marang kowe.
17. Ing kono papan watu loro mau dakcekel kalawan kenceng banget, dakbanting saka ing tanganku loro, lan dakremuk ana ing ngarepmu.
18. Aku banjur tumelung sujud ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah lawase patang puluh dina patang puluh bengi, kaya kang dhisik, ora mangan roti lan ora ngombe banyu, kabeh mau marga saka dosa kang wus padha koklakoni, yaiku kowe wus padha duwe pokal kang ala ana ing paningale Sang Yehuwah, nganti njalari gerahing panggalihe.
19. Aku ndhredheg nyumurupi duka lan bebendune Pangeran Yehuwah kang mulad-mulad marang kowe, nganti karsane bakal numpes marang kowe kabeh. Nanging ing sapisan iki Pangeran Yehuwah iya nyembadani panyuwunku.
20. Kamas Harun iya didukani banget, nganti karsane iya bakal ditumpes. Kamas Harun iya dakdongakake uga ing nalika samana.
21. Nanging wohing panggawemu kang dosa, yaiku reca pedhet mau dakjupuk lan dakobong, nuli dakgecak lan dakgiling nganti lembute sabledug; bubukane banjur dakbuwang menyang ing kali kang mili saka ing gunung.
22. Uga ana ing Tabera lan ing Masa sarta ing Kibrot-Taawa kowe tansah padha njalari dukane Pangeran Yehuwah.
23. Mangkono uga nalika Sang Yehuwah dhawuh marang kowe supaya mangkat saka ing Kadesy-Barnea, pangandikane: Padha mangkata, ngejegana nagara peparingingSun marang sira, ing kono kowe padha mbangkang marang dhawuhe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu; kowe ora nggugu marang Panjenengane lan ora ngestokake dhawuhe.
24. Malah kowe iku padha nglawan marang Sang Yehuwah wiwit aku wanuh karo kowe.
25. Aku tumuli sujud ana ing ngarsane Sang Yehuwah, -- anggonku sujud patang puluh dina patang puluh bengi --, marga wus ana pangandikane Pangeran Yehuwah, yen bakal numpes marang kowe kabeh,