Pangandharing Toret 5:4-7 Kitab Sutji (JAV)

4. Pangeran Yehuwah wus ngandikani kowe kalawan aben-ajeng saka satengahing geni ana ing gunung,

5. -- nalika iku aku kang ana ing antarane Sang Yehuwah karo kowe, prelu nglantarake dhawuh pangandikane Sang Yehuwah marang kowe, marga kowe padha wedi marang genine lan kowe ora munggah ing gunung --, pangandikane mangkene:

6. Ingsun iku Yehuwah, Allahira, kang wus ngentasake sira saka ing tanah Mesir, saka ing pangawulan.

7. Sira aja nduweni allah liyane ana ing ngarsaningSun.

Pangandharing Toret 5