1. “Anadene samangsa kowe wus katekan samubarang kabeh kang wus dakandharake ana ing ngarepmu mau, yaiku berkah lan laknat, mangka kowe banjur ngrumangsani ana ing sajroning atimu ana ing satengahe sakehe bangsa, ing ngendi parane anggonmu ditundhung dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu,
2. sarta manawa kowe bali mratobat marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu mau, lan ngestokake dhawuhe miturut kaya kang dakprentahake marang kowe ing dina iki, dadia kowe dadia anak-anakmu, kalawan gumolonging atimu lan gumolonging nyawamu,