9. Mulane kowe padha nglakonana pangandikaning prasetyan iki kanthi tumemen, supaya kowe padha bisa oleh kabegjan ing sabarang kang koklakoni.
10. Ing dina iki kowe kabeh padha ngadeg ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, para panggedhene talermu, para tuwa-tuwamu lan para tetindhihing wadya-balamu lan sakehe wong lanang ing Israel,
11. anak-anakmu, somahmu lan bangsa liya kang ana ing pakemahanmu, dalasan para tukang nyigari kayu lan tukang nimba;
12. padha kakersakake melu ing prasetyane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, yaiku prajanjian kang kinanthenan supaos, kang didamel dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, karo kowe ing dina iki;
13. supaya ing dina iki kowe diangkata dadi umat kagungane sarta Panjenengane dadia Gusti Allahmu, kaya kang wus dadi pangandikane marang kowe lan kaya kang wus diprasetyakake kalawan supaos marang para leluhurmu yaiku Eyang Abraham, Iskak lan Yakub.
14. Anadene kang dakkatutake ing prasetyan kang kanthi supaos iku ora mung kowe dhewe,
15. nanging iya saben wong kang melu kita ngadeg ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, iya dalah wong kang ing dina iki ora melu kita ana ing kene.
16. Awit kowe rak padha sumurup kaya apa anggon kita padha nratas ing tengahe sakehe bangsa kang padha kokambah nagarane,
17. sarta kowe wus padha weruh dewa jejember lan brahalane kang arupa kayu lan watu, mas lan salaka kang padha ana ing tengahe.
18. kang iku ing antaramu aja nganti ana wong lanang utawa wadon, kulawarga lan taler kang ing dina iki atine mungkur ninggal Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, sarta marani lan ngabekti marang allahe bangsa-bangsa mau; ing antaramu iya aja nganti ana oyod kang nukulake racun utawa butrawali.
19. Nanging aja nganti kelakon, sawuse krungu surasane prasetyan kang kanthi supaos iki, ana wong kang banjur duwe pangira: Aku mesthi bakal terus slamet, sanadyan lakuku nuruti wangkoting atiku; yen mangkono bakal ndadekake sirnane tanah kang kaluberan dalah kang kakurangan banyu,
20. Pangeran Yehuwah mesthi ora ngapura marang wong kang mangkono iku, malah bakal kataman ing bebendu lan kasujanane Pangeran Yehuwah kang makantar-kantar, sarta bakal katempuh ing sakehe sumpah kang katulisan ana ing kitab iki, apadene Sang Yehuwah bakal nyirnakake jenenge saka ing sangisoring langit;
21. Sang Yehuwah bakal misahake wong iku saka ing sakehe talere Israel supaya kataman ing bilai, ngetrepi sumpah prasetyan kang katulisan ana ing kitab Toret iki.
22. Turun-turunmu ing tembe, yaiku anak-putumu kang bakal tuwuh ing sapungkurmu, lan bangsa liya kang bakal teka saka ing tanah adoh, manawa padha weruh wewelak lan lelara kang nempuh ing nagara iku marga saka panggebage Sang Yehuwah,