20. Wong bangsa liya iku kena kokjaluki anakan, nanging sadulurmu aja kokjaluki, supaya kowe diberkahana dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, mungguh sabarang apa kang koktandangi ana ing nagara kang kokleboni lan bakal kokejegi.”
21. “Manawa kowe ngunjukake punagi marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, anggonmu ngluwari aja pijer semaya, awitdene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, mesthi bakal nagih marang kowe, temah bakal dadi kaluputanmu.
22. Nanging manawa kowe ora nglairake punagi, iku kowe ora bakal nandhang dosa.
23. Apa kang kawetu saka ing lambemu, iku tetepana kalawan setya, amarga kalawan manasuka anggonmu nglairake nadar ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, bab kang wus kokucapake kalawan cangkemmu dhewe.”