Pangandharing Toret 14:9-20 Kitab Sutji (JAV)

9. Panunggalane kang ana ing banyu kang klilan kokpangan yaiku: sadhengah kang mawa siwar lan sisik,

10. nanging kang tanpa siwar lan tanpa sisik iku aja kokpangan, iku kabeh karam tumrap ing kowe.

11. Sarupane manuk kang kalal iku kena kokpangan.

12. Nanging kang ora kena kokpangan, yaiku: manuk garudha, manuk beri lan manuk wulung sagara;

13. wulung abang, wulung ireng, dayah lan sapepadhane,

14. bangsa gagak sapepadhane;

15. manuk unta, manuk beluk, manuk camar lan bangsaning alap-alap sapepadhane,

16. manuk pungguk, manuk beluk gedhe, manuk beluk putih,

17. manuk walang kadhak, manuk rakham lan manuk salak,

18. manuk khasidah, bangsaning bango lan sapepadhane, manuk dukhifat lan bangsa lawa.

19. Sarupane kewan gumremet kang mawa elar iku iya padha karam tumrap ing kowe, aja dipangan.

20. Sarupane manuk kang kalal iku kena kokpangan.

Pangandharing Toret 14