1. Saupama ing tengahmu ana nabi utawa wong olah impen kang muncul lan aweh pratandha utawa mukjijat,
2. mangka pratandha utawa mukjijat kang dikandhakake marang kowe iku kelakon temenan, sarta wong mau ngucap: Payo padha ngenut marang allah liyane, kang padha ora kokwanuhi lan payo padha ngabekti marang allah iku,
3. pangajake nabi utawa wong olah inpen mau aja kokturuti; awitdene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, nyoba marang kowe, supaya katitika apa kowe padha tresna marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kalawan gumolonging atimu lan gumolonging nyawamu.
4. Padha manuta lan wedi-asiha marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, padha netepana pepakene lan ngestokna dhawuhe, sarta padha ngabektia lan rumaketa marang Panjenengane.