1. “Kowe kudu padha tresna marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, lan netepana apa kang dadi kuwajibanmu marang Panjenengane kanthi temen-temen, yaiku sakehe katetepane, pranatane lan pepakene.
2. Saiki kowe padha sumurup -- kang daktuturi iku dudu anak-anakmu, kang padha ora ngerti lan padha ora weruh marang pamerdine Sang Yehuwah, Gusti Allahmu --, kaluhurane astane kang rosa lan lengen kang kaulukake,
3. pratandha lan pakaryane kang ditindakake ana ing Mesir marang Sang Prabu Pringon, ratu ing Mesir lan marang ing saindenging nagarane,
4. uga kang ditandukake marang wadya-bala Mesir dalah jaran lan kretane, yaiku anggone Panjenengane damel klelebe banyune sagara Teberau, nalika padha nututi kowe, banjur padha katumpes dening Sang Yehuwah kanggo ing salawase.
5. Mangkono uga apa kang ditandukake marang kowe ana ing pasamunan, nganti satekamu ing panggonan iki,
6. sarta maneh kang ditandukake marang Datan lan Abiram, anake Eliab, turune Eyang Ruben, nalika bumi ngangapake cangkeme nguntal wong-wong mau sabrayate dalah tarub-tarube apadene kabeh kang padha ngeloni wong-wong mau ana ing satengahe wong Israel saumat kabeh.