5. Imam Ezra, ahli kitab iku, jumeneng ana ing mimbar kayu, kang ginawe pancen kanggo kapreluan iku. Kang ngadeg ana ing sisih tengene: Matica, Sema, Anaya, Uria, Hilkia, lan Maaseya, dene ing sisih kiwane: Pedaya, Misael, Malkia, Hasum, Hasbadana, Zakhariya lan Mesulam.
6. Imam Ezra banjur mbikak kitab mau, kadeleng dening wong saumat kabeh, amarga anggone jumeneng ngungkuli wong kabeh. Bareng karo pembukake kitab mau wong sapasamuwan padha ngadeg kabeh.
7. Imam Ezra tumuli memuji marang Sang Yehuwah, Gusti Allah kang mahaagung, sarta wong kabeh padha sumaur: “Amin! Amin!” kanthi ngulukake tangan. Banjur padha jengkeng, sujud nyembah marang Sang Yehuwah, raine konjem ing lemah.
8. Uga Yesua, Bani, Serebya, Yamin, Akub, Sabetai, Hodia, Maaseya, Kelita, Azarya, Yozabad, Hanan, Pelaya, para wong Lewi, padha mulangake Toret iku marang wong-wong mau, nalika padha ngadeg ana ing panggonane dhewe-dhewe.