1. O, saupami paduka punika sadherek kawula jaler,ingkang nesep ing payudaranipun ibu kawula,temtu badhe kawula aras,manawi kepanggih wonten ing jawi,amargi boten wonten tiyang ingkang badhe ngremehaken kawula!
2. Paduka badhe kawula kanthi lan kawula dherekakendhateng griyanipun ibu kawula, supados Paduka memulang dhumateng kawula.Paduka badhe kawula caosi anggur ingkang arum manawi kaunjuk,duduhing wohipun dlima kawula.
3. Astane kang kiwa nyangga sirahku,astane tengen ngrangkul aku.