Musthikaning Kidung 2:5-8 Kitab Sutji (JAV)

5. Bok aku kinuwatna srana panganan kismis,sinegerna kalawan woh apel.

6. Amarga aku nandhang lara asmara.Astane kiwa ana ing ngisoring sirahku,astane tengen ngrangkul aku.

7. He, para putri ing Yerusalem, kowe padha sunsupatani,demi kidang-kidang utawa menjangan wadon ing ara-ara;kowe aja nggugah lan ngobahake katresnan, sadurunge dikarepake!

8. Rungokna! Kekasihku!Sawangen rawuhe,mlumpat-mlumpat ing gunung-gunung,mencolot-mencolot ing tengger-tengger!

Musthikaning Kidung 2