6. Mulane Samaria bakal Sundadekake jugrugan ana ing ara-ara,dadi pakebonan anggur,watu-watune bakal Sunbuwangi ing lebaklan dhasar-dhasare bakal Suneler.
7. Reca-recane bakal padha diremuklan sakehe pituwase laku bedhang bakal padha kaobong,lan sakehe brahalane bakal Sunsirnakake;awitdene kabeh mau kaklumpukake srana opahane laku bedhang,mulane bakal bali dadi opahaning bedhang maneh.
8. Awit saka kang mangkono iku aku arep sesambat lan ngadhuh-adhuh,arep lumaku tanpa trumpah lan wuda,pangadhuhku bakal kaya pangadhuhe asu alas,sarta pasambatku kaya pasambate manuk unta.
9. Sabab tatune Samaria ora bisa mari,wus mremen nganti tekan ing Yehuda,malah tekan ing gapurane bangsaku,iya ing Yerusalem.