Mikha 1:1-4 Kitab Sutji (JAV)

1. Iki pangandikane Pangeran Yehuwah kang kadhawuhake marang Nabi Mikha wong Moresyet, nalika jamane Sang Prabu Yotam, Akhas lan Hizkia, para ratu ing Yehuda, yaiku gegayutan karo anggone kaparingan wahyu ing ngatase Samaria lan Yerusalem.

2. He, sakehe para bangsa, padha ngrungokna!He, bumi dalah isine, padha nitenana,Pangeran Yehuwah kareben dadi seksi ing ngatase sira kabeh,iya Pangeran, saka ing padalemane kang suci.

3. Dene lah Pangeran Yehuwah miyos saka ing padalemane,lan tumedhak ana ing gunung-gununging bumi.

4. Gunung-gunung padha ajer ana ing sangisore sampeyanelan lebak-lebak padha bengkahkaya malam cedhak geni,kaya banyu nggrojog ana ing udhun-udhunan.

Mikha 1