5. Iblis tumuli nggawa Gusti Yesus menyang ing kutha Suci lan dijumenengake ana ing dhuwur payone Padaleman Suci,
6. banjur munjuk mangkene: “Manawi Panjenengan Putraning Allah, sumangga kula aturi anjlog mangandhap, awit wonten seratan makaten: Pangeran bakal ndhawuhi para malaekate tumrap sira, sarta sira bakal ditadhahi ing tangane, supaya sikilira aja nganti kesandhung ing watu.”
7. Pangandikane Gusti Yesus: “Ana maneh tulisan mangkene:Sira aja nyoba Pangeran Allahira.”
8. Gusti Yesus banjur digawa Iblis maneh munggah ing gunung kang dhuwur banget lan diaturi mirsani sakehe krajan ing donya dalasan kamulyane,
9. nuli munjuk mangkene: “Punika sadaya badhe kula caosaken dhateng Panjenengan, anggeripun Panjenengan sumungkem sujud dhateng kula.”