Mateus 26:11-31 Kitab Sutji (JAV)

11. Wong-wong miskin iku salawase ana ing kowe, nanging Aku bakal ora salawase woworan karo kowe.

12. Amarga anggone ngesokake lenga ing awakKu iku, ateges nganakake pacawisan tumrap anggonKu bakal kakubur.

13. Sanyatane Aku pitutur marang kowe, ana ing ngendi bae Injil iki bakal diwartakake ing saindenging jagad, apa kang katindakake iku bakal tansah kapratelakake uga minangka dadi pangeling-eling marang dheweke.”

14. Sawise iku salah sawijining sakabat rolas, kang jenenge Yudas Iskariot, marani para pangareping imam,

15. lan matur: “Kula badhe kaparingan punapa, mangke tiyangipun badhe kula ladosaken dhateng panjenengan.” Banjur diwenehi dhuwit telung puluh sekel salaka.

16. Lan wiwit nalika iku Yudas golek jalaran bisane ngladosiake Gusti Yesus.

17. Ing dina wiwitaning riyaya Roti Tampa Ragi, para sakabate Gusti Yesus padha ngadhep ing ngarsane lan matur: “Karsa Paduka kawula cawisi dhaharan Paskah wonten ing pundi?”

18. Paring wangsulane Gusti Yesus: “Menyanga kutha, menyanga enggone si Anu lan kandhaa: Dhawuhipun Guru: WektuKu wis cedhak, Aku arep mahargya Paskah karo para sakabatKu ana ing omahmu.”

19. Para sakabat banjur nindakake apa sapangandikane Gusti Yesus lan nyawisake Paskah.

20. Bareng wis sore Gusti Yesus banjur lenggah dhahar bebarengan karo para sakabate rolas.

21. Sajrone padha mangan, Gusti Yesus ngandika: “Satemene pituturKu marang kowe: Ana siji ing antaramu kang bakal ngulungake Aku.”

22. Para sakabat padha sedhih banget sarta padha munjuk genti-genti: “Rak sanes kawula, ta, Gusti?”

23. Paring wangsulane: “Sing bebarengan karo Aku nyelupake tangane ing pinggan iki, yaiku sing bakal ngulungake Aku.

24. Putraning Manungsa pancen bakal linggar, cocok karo kang katulis tumrap Panjenengane, nanging bilai wong kang dadi margane Putraning Manungsa kaulungake. Luwih becik upama wong iku ora lair.”

25. Yudas, kang bakal ngulungake Gusti Yesus, matur: “Rak sanes kawula, ta, Guru?” Pangandikane Gusti Yesus: “Kowe wis ngarani!”

26. Nalika padha mangan, Gusti Yesus mundhut roti, lan sawise diberkahi, banjur dicuwil-cuwil sarta diparingake marang para sakabate, pangandikane: “Padha tampanana, panganen, iki badanKu.”

27. Sawise mangkono nuli mundhut tuwung lan sawise caos sokur banjur diparingake marang para sakabate, pangandikane: “Padha ngombea kabeh ing tuwung iki.

28. Sabab iki getihKu, getihing prajanjian kang kawutahake kanggo wong akeh, minangka pratandha pangapuraning dosa.

29. Mung bae Aku pitutur marang kowe: Wiwit saiki Aku ora bakal ngombe maneh pametuning wit anggur iki, nganti tumeka dinane Aku ngombe kang anyar bebarengan karo kowe ana ing Kratoning RamaKu.”

30. Sawise padha ngrepekake kidung pamuji, banjur padha mangkat menyang ing gunung Zaitun.

31. Gusti Yesus banjur ngandika marang para sakabat: “Ing bengi iki kowe kabeh bakal padha kecuwan marga saka Aku. Sabab ana tulisan kang surasane mangkene: Ingsun bakal nggebag juru pangon lan wedhus-wedhuse ing pepanthane bakal buyar.

Mateus 26