Mateus 20:32-34 Kitab Sutji (JAV)

32. Gusti Yesus banjur kendel anggone tindak sarta nimbali wong-wong mau, sarta dipangandikani: “Kowe padha nyuwun Dakkapakake?”

33. Atur wangsulane: “Gusti, kawula nyuwun, supados mripat kawula saged ningali.”

34. Gusti Yesus trenyuh panggalihe marga saka welas, banjur ndumuki mripate wong-wong mau. Padha sanalika padha bisa ndeleng, tumuli padha ndherekake Gusti Yesus.

Mateus 20