14. Mangkono uga Ramamu kang ana ing swarga ora ngarsakake ilange bocah iki siji bae.”
15. “Manawa sadulurmu duwe kaluputan, elingna dhedhewekan. Manawa nggugu marang kandhamu, tegese kowe wis ngentas sadulurmu.
16. Dene yen ora nggugu, kowe ngajaka wong siji utawa loro engkas, supaya marga saka anane katrangane seksi loro utawa telu, prakarane banjur rampung.
17. Ewadene yen ora gelem manut, aturna marang pasamuwan. Lan yen meksa ora manut karo pasamuwan, anggepen wong kapir utawa juru-mupu-beya.
18. Satemene pituturKu marang kowe: Apa kang koktaleni ana ing donya iku bakal katalenan ana ing swarga lan apa kang kokuculi ana ing donya iku bakal kauculan ana ing swarga.